Rabu, 10 Februari 2010

Swara Ing Batin, Swara Ing Asepi

Pancen ora kaprungu panjerit
apamaneh tangis kang ngranuhi
nanging ing dhadha ana pangrasa
swara ing batin, swara ing asepi.

Pedhut nggameng ngemuli padesan Kendheng
ing sasela-selaning piyandel lan pangarep
keteg jejantung kang isih binujung
tangan kadhung jimpe kanggo kumlawe
geger wungkuk nggendhong mbenteyoting sesanggeman
kanthi tanpa keprungu esthining batin
sedheng ing lahir esem pineksa mapag rembulan
ora koyoa wengine cinaplok grahana
tekane rahina bali cumadhong
gelur gumelur ngisi panglipur
tanpa suwala mundhi jejerig kawula
baya ing ngendi kanyatan bisa kaesthi
tanpa bendhe tengara
ucul saka getering panyurasa
luput saka upethi kang njebol kori mburi
Pancen ora kaprungu panjerit
apa maneh tangis kang ngranuhi
nanging ing dhadha ana pangrasa
swara ing batin, swara ing asepi
sapa sing kuwawa nggelar paseksen

0 komentar:

Posting Komentar

 
Copyright yulicool @2010. Powered by Blogger.Designed by Den Yuli .
Converted To Blogger Template by Mas Yuli .