Meniko foto keluarga kulo, sing paling guanteng noninjih kulo piyambak. Ingkang ngagem kudung meniko noninjih sisihan kulo-ingkang paringi asmo wiwin, lah menawi sing imut-imut meniko anak kulo-syifa...hehehe
Kulo mboten sombong, ananging namung umuk...hixhixhix ...panci kulo ingkang paling ganteng (mosok bojo lan anak putriku arep diarani ganteng)...hiyo to..!!
sak meniko anak kulo sampun meh 9 sasi,, nembe ajar ngadek kaliyan cekelan.
kadang-kadang kulo khawatir menawi ngadek semelang ndak tibo, ning kulo ampet ndak anak kulo mboten siyos belajar.
Selak pingin ngajak anak kulo jalan-jalan esuk, anangin kok sawek belajar,,njih sawek ken sabar riyin, hehee.
anak kulo lahir wonten ing rumah sakit murangan kanti normal rikolo tanggal 15 mei 2009 pas barengan kaliyan hari jadi Kabupaten Sleman. Mboten saget kulo gambaraken kados punopo ati kulo rikolo nunggoni lahiranipun anak kulo meniko,,saking griyo kulo ngeteraken bojo kulo wonten RSUD Murangan sampun jam gangsal sonten, alhamdulillah langsung ditangani kanti cekatan kaliyan petugas ingkang wonten UGD. kirang langkung wanci jam 00.15 ndalu anak kulo lahir...cengerr...mboten nunggu dangu langsung dipun paringi inisiasi dini.....to be continued
Sabtu, 13 Februari 2010
Langganan:
Posting Komentar (Atom)

0 komentar:
Posting Komentar