Wis tekan jamane konco-konco iso internet seko ngomah,, ora koyo patang tahun kepungkur-ming arep kirim e-mail ndadak mlaku neng warnet sing adoh neng dalam kota. Nek sing podo duwe duit iso nganggo HP koneksi GPRS sing wis kondang kawentar ngentek-enteke duit. lumayan ono perusahaan seluler sing -
nawarke harga murah nganti RP 0,5 /kb ning yo kuwi, rasah mangkel nek putus-nyambung koyo nggon lagu kae...wis ngono koneksine leleeeet pool koyo keong mlaku.
Kuwi Mbiyen...saiki,,internet ki wis kepenak ono layanan internet unlimited CDMA sing relatif murah mbangane nganggo GSM sing tehnologine nganti 3,5. sampeyan arep nganggo kertu opo wae kari milih, iso ngango flexi Rp 2.500,- / hari iso nganggo smart Rp 3.000,- per hari iso ngango starone Rp 2.500,- /hari.
rasah ngarep-arep GSM wis mesti tarif luwih larang sing roto-roto per bulan Rp 100.000,- bandingno karo CDMA sing ming Rp 50.000,-
Aku wis njajal dewe nek nganggo flexi kuwi pancen ora stabil kecepatane munggah-mudun, ning pancen flexi sinyale paling kuat. nek gelem sampeyan iso internet antara jam 12 wengi nganti tekan jam 09. esuk dijamin wusss...flexi cepet tenan
bandingke karo smart,, sing luwih stabil meski sing paket regular kadang kalah cepet karo flexi. nek sampeyan gelem iso nganggo paket sing rodo larang sitik nganggo modem EVDO,,wuih..tambah mak nyuss. ning yo kuwi Smart sinyale rodo angel pancenan, siap-siap wae gawe wajanbolik utowo antena tempolong.
Siji maneh nganggo Starone, aku durung sempat njajal sebab,wis tak koneks ning etuk SMS balesan ''maaf layanan internet unlimited tidak tersedia di area anda' .
dadi yo aku ora iso komentar..hehehe
Kesimpulane nek omahmu nek dalam kota,,pancen penak ngango Smart-opo maneh sinyal EVDo wis ono,,wah bakalan cepat kuwi. Nek omahmu nang ndeso koyo omahku yo mending nganggo flexi wae sing sinyale kuat,,ning yo kuwi ora iso EVDO
pinter-pinter wae ngatur wektu,,nek internet pas jam-jam sepi wae-jam 12 bengi tekan 09 esuk
dadi nek arep ceting yo kono cetingan karo demit...heheheh
nuwun
Kanggo Sliramu
Kanggo sliramu
rembulan kang nangis ing kamar sepi
kanggo sliramu
srengenge mati ing cakruk parondhan
kanggo sliramu
rahina kang kelangan mustikane prawan kencur
kanggo sliramu
wengi kang nyekseni palanyahan mbukak beha
kanggo sliramu
maesan kang nampani komisi lan pungli
kanggo sliramu
bumi kang ngajangi badhut-badhut tetopengan
kanggo sliramu
jagat kang kabotan nyangga laknat
kanggo sliramu
pangangen kang nggadhuh ati selingkuh
kanggo sliramu
kanggo
sliramu
sliramu!
Langganan:
Posting Komentar (Atom)


0 komentar:
Posting Komentar